Category: Manthous


Randha Kempling

CSGK

 

Ndak pundi mbak ayu badhe tindak pundi

Dingaren tindak wae ora numpak taksi

Dhewek’an apa ora wedi

Timbang nganggur kula gelem ngancani

 

Kleresan mas alias kebetulan

Blanjane kathah rada kabotan

Yen purun mas enggal-enggal ngrencangi

tekan ngomah mangke kula opahi

 

E’ eh tobil….

wong legan golek momongan

Niki blanja…..

napa mbakyu badhe pindhahan

 

Ampun gela mas

sampeyan ampun kuciwa

kula randha

anyaran ditinggal lunga

 

Awan awan….

lunga blanja neng pasar pahing

Prawan randha kanggoku

Kagak patek penting….

 

Neng Semarang mas

Tuku gelang apa anting-anting

Jo sumelang….

Yo ben randha dijamin kempling….

Manthous

 

Permisi mbah kula nuwun

Napa mriki daleme mbah Mangun

Sing kondhang dados dhukun

Tetamba mesthi mantun

Gadhah putra namine Atun

 

Kula mriki mbah….

estu badhe pados jampi

Jampi wuyung

senes jampi wudun…

 

pripun mbah….pripun….

Mbah dhukun kersa paring pitulung…?

Keng putra Atun mbah..

Kados kula purun….

mesthi enggal mantun…

 

…….. & ……….

 

Permisi mbah simbah dhukun

Trima kasih alias matur nuwun

Sakit kula pun mantun

diparingi Atun

Sa’niki kersane kepripun

 

Kula niki mbah….

anake wong tani utun

Sugih beras….

Sugih pantun……

 

pripun mbah….pripun….

Mbah dhukun ampun terus ngalamun

Adhuh adhuh mbah dhukun

Niki tumbasanipun….

Andhuk kalih sabun……

Mantaous

 

Cintaku oh… jauh di sana….

Di Lampung, di tanah seberang

Aku terpikat dirinya, aduh entah kenapa

Tak tahu apakah sebabnya

 

Wis rong tahun…. tak ada berita

Kangenku dhik, dalam hati membara

Mungkinkah tak merasa, dalam hati adinda

Kakanda rindu di tanah Jawa

 

Sedina (dhik) rasane setahun

Adhuh adhuh niki (niki) kepripun

Siang malam aku melamun (mun..mun..)

Biyen diajak kula kok mboten purun

 

Kepadamu…. hatiku merindu

Kepadamu dhik ngarep-arep sliramu

Lampung pulau Sumatra, bingung aku jadinya

Sakit rindu dhik pasti dia obatnya

Manthous

 

Lega rasaning ati

Kaleksanan kang dadi sedyaku

Wus suwe nggonku ngenteni

Mung sliramu kang tak impi-impi

 

Rina kelawan wengi

Ndak sesuwun donga lan pamuji

Wus dadi prasetying ati

Mugi-mugi Gusti paring idi

 

Ndak geget pinggiring lathi

Apa tenan apa iki ngimpi

Eling-eling semana yen saben ketemu

Prengat prengut ra dadi kersane….

 

Bebasan umpamane

Wong lumampah tur kasatan toya

Tetesing katresnan jati

Aduh Gusti begjane wak mami…



Nyidamsari mp3

Kluwung

Kluwung Manthous

Kluwung wayah esuk,
Sak ndhuwure tlaga warna
Aku nandhang wuyung
Karo kowe cah ayu saka Jepara

Esemmu pancen nyata,
Gawe lega rasa kang kuciwa
Dak uri-uri muga dadi
Geganthilaning ati

Ra koncat nadyan kagodha
Godha rasa godha bandha godha tresna
Ben mbesuke kaya ngapa
Aku bakal tansah tresna tetep setya

Kunci Sak Gemboke Manthous,     CSGK

Tuku kunci sak gemboke,
Iku pancen wis dadi jodone
Wis kebancut kaya ngene,
Ora susah gawe-gawe
Elingo marang janjine

Tuku kunci sak gemboke,
Yen ra mathuk yo di-ijol-ake
Milih sing apik modhele,
Tak pilih sing ayu dhewe
Iku wis jamak lumrahe

Soto babat kok campur susur,
Saya suwe kok saya nglantur
Adhuh mas kok tambah ngawur

Ojo kleru pandugamu,
Dururng-durung kok wis nesu
Adhuh dhik jangan cemburu

Jenang sungsum kok campur sabun
Jangan bikin hatiku bingung
Adhuh mas niku kepripun

Tuku timun dinggo rujakan,
Wong guyon dadi tenanan
Sliramu aja sujanan

Tuku kunci sak gemboke
Yen wis rusak didandani wae

Yen pancen ngono karepe,
Ketimbang gela atine
Becik mbangun keluargane

Methuk         CSGK

Janjine saguh methuk
Tiwas diadhang nganti ngantuk-ngantuk
Dene leh dandan mengkuk
Thingak-thinguk jebul ra dipethuk

Omongane nggedupuk
Tiwas digagas jebul ora gathuk
Alasane sak thekruk
Monthak manthuk samara yen diamuk

Esuk methuk alah sore methuk
E bola bali methuk, e jebul ra’ tau entuk
Pring ori dingo sulingan
apa lali apa ra kelingan, apa lali apa ra kelingan

Esuk dhele alah sore tempe
e aja sok leda-lede, e ojo sok leda lede
jas bukak ikete blangkon
sama juga alah sami mawon, sama juga’ alah sami mawon

Ting anting gula jawa
gulane aren apa gula klapa
ling eling mbok rumangsa
aja nganti agawe kuciwa

Ngidhamsari

Ngidhamsari Manthous

Upama sliramu sekar melati
Aku kumbang ngidhamsari
Upama sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil neng netra rinasa
Kerasa-rasaning ndriya

Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati selawase

Nalika nira ing ndalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku

Langgam Gela

Gela Manthous

Gela gelaning atiku
Yen kelingan jamane semana
Pisan ketemu sliramu
Katone nyata Kenya idamanku

Tega tegane atimu
Gawe gela lan gawe kuciwa
Kadhung atiku wus kadhung tresna
Nora ngira lan ora nglegewa

Eman wong ayu tak eman-eman
Wong tenanan dikira aku dolanan
Eman cah ayu tak eman-eman
Manis ing lathimu gawe cuwaning atiku

Diukir-ukir dhik kayune Jepara
Wajik klethik enak dingo wedangan
Yen tak piker nyang ati marakke lara
Luwih becik e becik nggo gegendhingan../ geguyonan