Tag Archive: Manthous


Kluwung

Kluwung Manthous

Kluwung wayah esuk,
Sak ndhuwure tlaga warna
Aku nandhang wuyung
Karo kowe cah ayu saka Jepara

Esemmu pancen nyata,
Gawe lega rasa kang kuciwa
Dak uri-uri muga dadi
Geganthilaning ati

Ra koncat nadyan kagodha
Godha rasa godha bandha godha tresna
Ben mbesuke kaya ngapa
Aku bakal tansah tresna tetep setya

Kunci Sak Gemboke Manthous,     CSGK

Tuku kunci sak gemboke,
Iku pancen wis dadi jodone
Wis kebancut kaya ngene,
Ora susah gawe-gawe
Elingo marang janjine

Tuku kunci sak gemboke,
Yen ra mathuk yo di-ijol-ake
Milih sing apik modhele,
Tak pilih sing ayu dhewe
Iku wis jamak lumrahe

Soto babat kok campur susur,
Saya suwe kok saya nglantur
Adhuh mas kok tambah ngawur

Ojo kleru pandugamu,
Dururng-durung kok wis nesu
Adhuh dhik jangan cemburu

Jenang sungsum kok campur sabun
Jangan bikin hatiku bingung
Adhuh mas niku kepripun

Tuku timun dinggo rujakan,
Wong guyon dadi tenanan
Sliramu aja sujanan

Tuku kunci sak gemboke
Yen wis rusak didandani wae

Yen pancen ngono karepe,
Ketimbang gela atine
Becik mbangun keluargane

Ngidhamsari

Ngidhamsari Manthous

Upama sliramu sekar melati
Aku kumbang ngidhamsari
Upama sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil neng netra rinasa
Kerasa-rasaning ndriya

Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati selawase

Nalika nira ing ndalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku

Ngimpi

Ngimpi                Manthous

Ngambara ing awang-awang
Angelangut bebasan tanpa trebis
Narabasing mega mendhung
Miber ngideri jagad
Ngulandara nglembara ngunggahi gunung
Ketungkul ngumbar gagasan
Satemah ginawa ngimpi

Sripat sripit
lembehane mrak kesimping
Gandhes luwes wiragane anglamlami..
Sedhet singset
besus angadi busana
Dhasar ayu maksih kenya tan kuciwa

Dak caketi
adhuh mesem sepet madu
Nora sronto tak gandheng malah gumuyu
Katon bungah
kenya kang pindha hapsari..
Kuciwane kabeh mau.. amung ngimpi….