Mawar Biru

Tumetesing waspaku
Ora tega rasaning atiku
Ninggalake…sliramu
Priya idhamanku

Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake…
Nalika bareng mlaku-mlaku

Ora nyana ora ngira, yen ngene dadine
Aku kudu melu,
Ndherek’ake rama lan ibuku
Mulih nyang ndesaku

Wekasan mung welingku
Aku nitip kembang mawar biru
Openana minangka tandha katresnanku