Category: Langgam


Bagus Adhine

    Bagus Adhine Nurhana

    Aku bingung pilih endi
    Bocah lora sarwa edi peni
    Siji kakang siji adhi
    Kabeh bagus gus…bagus gus….bagus….
    Gawe bingung atiku

    Cah loro padha gagahe
    Yen sinawang kabeh nyenengake
    Mesthine ana bedane
    Yen kon milih lih….milih lih….. milih….
    Aku milih adhine

    Tuku jagung neng sar Legi
    Aku bingung pilih endi
    Kebacut luguning ati
    Tuku kerdhus neng sar Gedhe
    Sing bagus bagus adhine
    Sing ngganteng ngganteng kangmase

    Tuku jagung neng sar Legi
    Aku bingung pilih endi
    Kebacut lakuning ati
    Tuku kerdhus neng sar Gedhe
    Sing bagus bagus adhine
    Sing ngganteng ngganteng kangmase

Ngalamuning Ati

Ngalamuning Ati

Yen tak rasa,
Ra kuwasa rasa jroning ati
Tansah kelingan kembanging netra
Nggodha aku rina wengi

Pancen nyata
Yen si rupa ora mitayani
Nanging aku wis kebacut tresna
Angel nggonku angoncati

Pamujiku
mbok bisa-a katekan setyamu
Katresnanku…..Ditimbangi……
Tresna kang satuhu

Kaya ngapa,
Iba bungah rasa jroning ati
Katekan setyaku tanpa aral
Begja nggonku urip iki

Ngidhamsari Manthous

Upama sliramu sekar melati
Aku kumbang ngidhamsari
Upama sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil neng netra rinasa
Kerasa-rasaning ndriya

Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati selawase

Nalika nira ing ndalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku

Bocah Gunung

Bocah Gunung

Nadyan aku bocah gunung
doh banget dunungku
Ora susah kathik nganggo bingung
yen ta pancen tresna aku

Pancen isih dadi lakon
Ninggalke sliramu
Ra-orane yen bakal kelakon
Pepisahan karo aku

Muga muga aja nganti
Gawe gawe gawe gela
Nga dinonga tinebihna
Mring rubeda…

ya mas ya mas ya mas

Apa kowe ra kelingan
Dolan neng omahku
Ana latar padha lelungguhan
Gegojegan karo aku

Langgam Ali-ali

Ali-ali

Ngagema ali-aliku
Pamrihe…. Aja lali marang aku
Nandyan kula mbeten melu mbesuke
Elingana lelabetku

Lamun embane seloka emanne
Namung tansah ndamel cuwa
Niki embane kencana mbesuke
Tansah manggiha raharja

Yen nganti ilang mripate
Jarene…nemahi rubeda
Yen nganti dinggo wong seje mbesuke…
Wis mangsa bodho-wa

Pilihanku mripat biru
Pamrihe,,,,,, mrih sulistya jngkang warni
Yen takon isi hatiku mbesuke….
Mirsanana Ali-ali,,,

Langgam Esemmu

Esemmu

Suwe ora ketemu sliramu
Gawe gandrunging atiku
Tak suwun rinten lan dalu
Pamujiku manggiha rahayu

Lha piye genah-genahe ya gene
Tak antu-antu kabare
Ora esuk ora sore
Mung kelingan sak solah bawane

Nadyan mung krungu swarane
Apa maneh yen nyawang eseme
Bebasan segara madu, kalah manis
Sing manis pancen esemmu…

Iba bungahing ati cah manis
Antuk nugrahaning Gusti
Nora mung jroning impenku
Bisa nyandhing sliramu cah ayu

Setya Tuhu

Aku kang setya satuhu,

Wit biyen nganti saiki

Bebasane…. peteng kapapak obor sumunar

Andika pangayomanku,

Lahir batin ku wis nyata

Mung sajake… andika semune kurang rena

Tandha yekti, paseksene rikalane

Ngangkat awrat….. Mlampah tebih datan lesu …..

Mugyantuk berkahing widi

Andika mung tansah lipat

Payuwunku setya kula tansah anglam-lami

Kidung Tlaga Warna

Yen anyawang tlaga warna
Njur kelingan nalika semana
Nandur tresna karo ndika
Priya kang sembada

Tresnaku tulusing ati tak timbangi
Prasetyaning janji
Tlaga warna tan pranyata
Pinangka paseksi

Tak sesuwun
Marang Gusti ingkang maha suci
Muga-muga mbenjang ndika tan cidra janji

Sumiliring samirana bak lumebak
Banyune telaga
Tlaga warna dadya tandha tibaning asmara

Yen anyawang tlaga warna
Njur kelingan nalika semana
Nandur tresna karo ndika
Priya kang sembada

Langgam Caping Gunung

Caping Gunung

Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Biyen tak openi
Ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang
Keturutan sing digadhang
Biyen ninggal janji
Ning saiki apa lali

Neng nggunung
tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung
tak silihi caping nggunung

Sukur bisa nyawang
nggunung desa dadi reja
Dene ora ilang
nggone padha lara lapa