Category: Campursari


Janda Baru

Jandha Baru Mekar Asri

Dheg dhegan dhik dhik
Dheg dhegan dhik dhik
Dheg dheg-an jantungku dheg dheg-an
Nalikane aku krungu kabare
Ora ngira lan ora nglegewa
apa bener sliramu wis pepisahan

Tratapan mas mas
Tratapan mas mas
Tratapan atiku tratapan
Ora ngira kepanggih kalih sampeyan
Tak kira mas sampeyan isih bujang
Alah jebulane sampeyan dhudha anyaran

Gethuk dhik gethuke tela
Mumpung kepethuk ayo gek ndang ngapa
Tuku dhuku mas neng kutha Semarang
Lagi ketemu kok wis wani pegang-pegang

Setu dhik maleme minggu
Adhuh wong ayu ojo’ gawe bingung atiku
Menyang Sala mas tuku slendhang biru
aja sembrana nadyan aku jandha baru

Ketaman Asmara           Didi Kempot

Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku

Gela rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakke atiku sing saya nelangsa

Wis tak lali-lali
Malah sangsaya kelingan
Nganti tekan mbesuk kapan
Anggonku mendhem ora bisa turu

Apa iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman asmara
Rasane tresna ra bisa lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati

Konco Tani             CSGK

Bowo Dhandhanggulo Konco Tani

Ilir ilir tandure sumilir
Konco tani kang padha makarya
Sinawung lejaring nggalih
Parine lemu lemu
Katon subur anyenengke ati
Kalis ing sambikala
Iku panyuwunku
Wiwit sih ing Gusti kawula
Kanca tani yekti saka guru nagri
Yo betenging bangsa

E e eba senenge
Kanca tani yen nyawang tandurane
Nyambut gawe awak sayah seneng atine

Parine lemu lemu
Palawija kumandang sak warnane
Katon subur kabeh tuwuh kang sarwa tinandur

Panyuwunku, tinebihna saking sambikala
Ywang Gusti mugi-mugi lestari widodo

Sayuk rukun rame-rame
Gotong royong kang dadi semboyane
Kanca tani yekti saka guru tumrap sanagari

Mas Joko

Nuwun sewu mas kula badhe ndherek pirsa
Napa leres niki daleme mas Joko
Piantune alit kumis tipis lencir kuning
Bilih mlampah kados raden mas Janoko

Ora kleru dhik ning sliramu kuwi sapa
Sajake aku wis nate pirsa

Jane lali mas apa ya mung reka-reka
Nembe wingi njenengan le obral janji

Ojo dadi ati dhik aku pancen lali dhik
Wong sliramu klaton seje
Wingi katon lemu ning saiki katon ayu

Apa bener mas kabeh ngendikamu

Ojo dadi ati dhik aku pancen lali dhik
Wong sliramu klaton seje
Wingi katon lemu ning saiki katon ayu

Apa bener mas kabeh ngendikamu

Kuli Bangunan Sony Jozs

Telung tahun aku kenal kowe
Hubungane padha rakete
Bapak ibu kabeh wis setuju
Kepingin duwe mantu aku

Kowe seneng aku yo seneng
Padha-padha nduweni tresna
Sumpah janji neng pinggir kali
Nanging saiki kowe sing ngingkari

Tak belani dhik kerja bangunan
Ora peduli panas lan udan
Tak belani dhik kerja bangunan
Demi tresna marang sliramu

Aku ora nyono kowe arep ngono
Tega temen kowe ninggalna aku

Mawar Biru

Mawar Biru

Tumetesing waspaku
Ora tega rasaning atiku
Ninggalake…sliramu
Priya idhamanku

Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake…
Nalika bareng mlaku-mlaku

Ora nyana ora ngira, yen ngene dadine
Aku kudu melu,
Ndherek’ake rama lan ibuku
Mulih nyang ndesaku

Wekasan mung welingku
Aku nitip kembang mawar biru
Openana minangka tandha katresnanku

Ngalamuning Ati

Ngalamuning Ati

Yen tak rasa,
Ra kuwasa rasa jroning ati
Tansah kelingan kembanging netra
Nggodha aku rina wengi

Pancen nyata
Yen si rupa ora mitayani
Nanging aku wis kebacut tresna
Angel nggonku angoncati

Pamujiku
mbok bisa-a katekan setyamu
Katresnanku…..Ditimbangi……
Tresna kang satuhu

Kaya ngapa,
Iba bungah rasa jroning ati
Katekan setyaku tanpa aral
Begja nggonku urip iki

Ngidhamsari Manthous

Upama sliramu sekar melati
Aku kumbang ngidhamsari
Upama sliramu margi wong manis
Aku kang bakal ngliwati

Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil neng netra rinasa
Kerasa-rasaning ndriya

Midera sajagad raya
Kalingana wukir lan samodra
Ora ilang memanise adhuh
Dadi ati selawase

Nalika nira ing ndalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lha kae lintange mlaku

Ngimpi

Ngimpi                Manthous

Ngambara ing awang-awang
Angelangut bebasan tanpa trebis
Narabasing mega mendhung
Miber ngideri jagad
Ngulandara nglembara ngunggahi gunung
Ketungkul ngumbar gagasan
Satemah ginawa ngimpi

Sripat sripit
lembehane mrak kesimping
Gandhes luwes wiragane anglamlami..
Sedhet singset
besus angadi busana
Dhasar ayu maksih kenya tan kuciwa

Dak caketi
adhuh mesem sepet madu
Nora sronto tak gandheng malah gumuyu
Katon bungah
kenya kang pindha hapsari..
Kuciwane kabeh mau.. amung ngimpi….

Nusul

Nusul

Lha kae nusul
Teka-teka ulate njegadul
Mripate mbrebes mili
Anehe nyedhaki njiwiti

Tekad-te nusul
Watone bisa bali kumpul
Galake dimareni
Rewele ora dipindhoni

Godha neng ndalan
Eman-eman yen mulih dhewe
Bisa kelangan
Katut setan sing nggagu gawe

Lumrahe kaul
Jarene dumeh wis disusul
Solahe ngrangkul-ngrangkul
Padune sumelang disusul