Tag Archive: Didi Kempot


Terminal Tirtonadi

Didi Kempot

Nalikane ing Tirtonadi,
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji,
Lunga mesthi bali

Rasane ngetung nganti lali,
Wis pirang tahun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu, ning kene tak tunggu,
nganti sak elingmu

Mangsa rendheng wis ganti ketiga,
Apa kowe ra krasa
Yen kowe isih seneng lan tresna,
Kudune kowe krasa

Nalikane ing Tirtonadi,
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji,
Lunga mesthi bali

Wis suwe, wis suwe, wis suwe, kangen sing tak rasakke
Rasane, rasane, rasane, rasane kaya ngene
Neng kene, neng kene, neng kene aku ngenteni kowe
Aku kangen, kangenku mung kanggo kowe

Nanggap Campursari

Didi Kempot

Sasi ngarep ayo rabi yo dik yo
Kanca kanca diulemi
Nanggap orkes campursari
Sedino punjul sewengi
Tamune ben seneng ati

Mengko yen listrike mati yo dik yo
Nyewa disel apa aki
Joged terus sampe pagi
Jogedan karo penyanyi
Yen wis rampung disangoni

Sing nyanyi ayu-ayu
Yen aku mlirik kowe ojo cemburu
Sing mlirik mung mripatku
Ning atiku mung kanggo sliramu

Tresna ditambah tresna
Candakane mestine kuwi rasa

Rasa ditambah rasa
Candhakane mestine kuwi kersa

Kersa ditambah kersa
Candhakane mestine kuwi nyata

Nyata ditambah nyata
Nyata-nyata wong loro pancen tresna

Ketaman Asmoro

Ketaman Asmara           Didi Kempot

Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku

Gela rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakke atiku sing saya nelangsa

Wis tak lali-lali
Malah sangsaya kelingan
Nganti tekan mbesuk kapan
Anggonku mendhem ora bisa turu

Apa iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman asmara
Rasane tresna ra bisa lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati