Tag Archive: Campursari


Terminal Tirtonadi

Didi Kempot

Nalikane ing Tirtonadi,
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji,
Lunga mesthi bali

Rasane ngetung nganti lali,
Wis pirang tahun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu, ning kene tak tunggu,
nganti sak elingmu

Mangsa rendheng wis ganti ketiga,
Apa kowe ra krasa
Yen kowe isih seneng lan tresna,
Kudune kowe krasa

Nalikane ing Tirtonadi,
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji,
Lunga mesthi bali

Wis suwe, wis suwe, wis suwe, kangen sing tak rasakke
Rasane, rasane, rasane, rasane kaya ngene
Neng kene, neng kene, neng kene aku ngenteni kowe
Aku kangen, kangenku mung kanggo kowe

JUDUL SYAIR LAGU YANG ADA

Bagus Adhine
Balen
Bali Kumpul
Banyu Kali
Becak Solo
Bocah Gunung
Bowo Langgam Caping Gunung
Bowo langgam Ngujiwat
Bowo Lgm. Ngimpi
Bowo Nyidhamsari
Bowo Wuyung
Bujangan
Calon Bojo
Campurmanis III
Cinta tak Terpisahkan
Cintaku Jauh di Lampung
Dina Jumat
Ela-Elo
Eling-eling Banyumasan
Gendhing Asmarandana
Gunungkidul Handayani
Jali-jali Campursari
Janda Baru
Janur Kuning
Joko Lelur
Ketaman Asmoro
Kidung Tlaga Warna
Kluwung
Kuli Bangunan
Kunci Sak Gemboke
Lagu Bisa Saja Saged Mawon
Lagu Calon Juragan
Lagu Kere Munggah Mbale
Lagu Sewu Kutha
Lagu Stasiun Balapan
Lagu Andheng-andheng
Lagu Blitar
Lagu Minggat
Lagu Sumi
Langgam Bengawan Sore
Langgam Caping Gunung
Langgam Setya Tuhu
Langgam Ali-ali
Langgam Esemmu
Langgam Gela
Layang Kangen
Lega
Lelagon Ciu Gambar Manuk
Lelagon Anting-anting
Lelagon Balen
Mas Joko
Mawar Biru
Mbah Dhukun
Methuk
Nanggap Campursari
Nelangsa
Ngalamuning Ati
Ngayogjakarta
Ngidhamsari
Ngimpi
Nusul
Nyidamsari mp3
Randha Kempling
Se-konyong2 Kodher
Syair Lagu Bagus Adhine
Syair Lagu Cucak Rowo
Syair lagu Lembur
Syair Langgam Ali-ali
Tanjung Mas Ninggal Janji
Terminal Tirtonadi

Mawar Biru

Mawar Biru

Tumetesing waspaku
Ora tega rasaning atiku
Ninggalake…sliramu
Priya idhamanku

Tansah katon esemmu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake…
Nalika bareng mlaku-mlaku

Ora nyana ora ngira, yen ngene dadine
Aku kudu melu,
Ndherek’ake rama lan ibuku
Mulih nyang ndesaku

Wekasan mung welingku
Aku nitip kembang mawar biru
Openana minangka tandha katresnanku

Methuk         CSGK

Janjine saguh methuk
Tiwas diadhang nganti ngantuk-ngantuk
Dene leh dandan mengkuk
Thingak-thinguk jebul ra dipethuk

Omongane nggedupuk
Tiwas digagas jebul ora gathuk
Alasane sak thekruk
Monthak manthuk samara yen diamuk

Esuk methuk alah sore methuk
E bola bali methuk, e jebul ra’ tau entuk
Pring ori dingo sulingan
apa lali apa ra kelingan, apa lali apa ra kelingan

Esuk dhele alah sore tempe
e aja sok leda-lede, e ojo sok leda lede
jas bukak ikete blangkon
sama juga alah sami mawon, sama juga’ alah sami mawon

Ting anting gula jawa
gulane aren apa gula klapa
ling eling mbok rumangsa
aja nganti agawe kuciwa

Ngalamuning Ati

Ngalamuning Ati

Yen tak rasa,
Ra kuwasa rasa jroning ati
Tansah kelingan kembanging netra
Nggodha aku rina wengi

Pancen nyata
Yen si rupa ora mitayani
Nanging aku wis kebacut tresna
Angel nggonku angoncati

Pamujiku
mbok bisa-a katekan setyamu
Katresnanku…..Ditimbangi……
Tresna kang satuhu

Kaya ngapa,
Iba bungah rasa jroning ati
Katekan setyaku tanpa aral
Begja nggonku urip iki

Nusul

Nusul

Lha kae nusul
Teka-teka ulate njegadul
Mripate mbrebes mili
Anehe nyedhaki njiwiti

Tekad-te nusul
Watone bisa bali kumpul
Galake dimareni
Rewele ora dipindhoni

Godha neng ndalan
Eman-eman yen mulih dhewe
Bisa kelangan
Katut setan sing nggagu gawe

Lumrahe kaul
Jarene dumeh wis disusul
Solahe ngrangkul-ngrangkul
Padune sumelang disusul