Category: Bowo


Bowo Wuyung

Rembulane sumunar ndhadhari

Lintang-lintang angebak’i  tawang

Pating gelebyar cahyane

Wanci ratri wus larut

Swara angin semribit ngidit

Saya nggegerit manah

Wong kang nandhang wuyung

Ketaman lara asmara

Dhuh kusuma wilangan sanga lan kalih

Mugi welas mring kula

Bowo Lgm. Ngimpi

Ngambara ing awang-awang
Angelangut bebasan tanpa tepi
Narabase mega mendhung
Miber ngideri jagad
Ngulamndara nglembara ngubengi gunung
Ketungkul ngumbar gagasan
Satemah digawa ngimpi

Bowo Langgam Caping Gunung

Bawa Caping Gunung

Saben bengi nyawang konang

Yen memajang mung karo janur kuning

Kembang wae weton nggunung

Pacitan sarwi jenang

Panas udan aling-aling caping nggunung

Nadyan wadon sarta lanang

Inumane banyu bening

Bawa langgam Ngujiwat
Pangkur

Dhuh nimas mustikaning wang
Kang ngujiwat maweh reseping ati
Tetulunga raga ningsun
Kang kataman asmara
Esem ira nyirnakke lungkrah lan lesu
Ngilangke rasa kang samar
Tresnaku sundhul wiyati

Bowo Nyidhamsari

Bawa Nyidhamsari

Dhuh wong ayu… pepujaning ati
Kaya ngene rasane wong nandhang asmara
Apa ta awakku dhewe
Dhuh dewa Jawata Gung
Welasa mring awak mami
Besuk kapan katekan
Jejer lan wong ayu
Umpamakna nahkodha
Tanpa prau sasad ora den pepetri
Ngidhamsari asmara