Tag Archive: Sony Jozs


Kuli Bangunan

Kuli Bangunan Sony Jozs

Telung tahun aku kenal kowe
Hubungane padha rakete
Bapak ibu kabeh wis setuju
Kepingin duwe mantu aku

Kowe seneng aku yo seneng
Padha-padha nduweni tresna
Sumpah janji neng pinggir kali
Nanging saiki kowe sing ngingkari

Tak belani dhik kerja bangunan
Ora peduli panas lan udan
Tak belani dhik kerja bangunan
Demi tresna marang sliramu

Aku ora nyono kowe arep ngono
Tega temen kowe ninggalna aku

Nelangsa Sony Jozs

Nelangsa temen uripku
Urip pisan ana ngalam ndonya
Nyambut gawe kok kaya ngene
Wiwit biyen mula

Rong puluh tahun lawase
Adus udan, adus kringet kepanasan
Nggolek pangan, yon eng kutha
Metropolitan

Rina wengi
Pikiranku melang megung
Wong rasane kepingin bali
Ora duwe sangu

Kelingan marang wong tuwaku
Tak impi-impi rasa jroning ati
Kula niki tansah eling
Keluarga neng ndesa