Category: Cak Diqin


Lelagon Ciu Gambar Manuk

Ciu Gambar Manuk Cak Diqin

Lungguh sila rina wengi ora krasa
Menang sewu kandhane bisa sak yuta
Menang sing tansah tak impi impi
Kadhung kalah rejeki durung nyeraki

Nasib mujur mendhem dhuwur mata blawur
Nyawang anggur kaya prawan isih kencur
Tangan setan pengine grayangan
Dhuh bajigur dadi kewirangan

Ciu gambare manuk
Awak kuru nggagas sing muluk muluk
Topi miring diwadhahi cawan
Tiwas maling mlebu ukuman

Sirah mumet mata sepet ati jundet
Nyawang ndonya rasane mung peteng ndhedhet
Gusti paringana slamet
Molimo muga bisa tak ampet

Lagu Bisa Saja Saged Mawon

Bisa Saja Saged Mawon

Tak takoni tak takoni sampean namine sinten
Tak takoni tak takoni keng raka menika sinten
Tak takoni tak takoni sampeayan putrane pinten
Estu kula badhe kanalan, lepat nyuwun pangapunten

Tak kandhani tak aturi, nami kula pun Juminten
Tak kandhani tak aturi semah kula dereng wonten
Tak kandhani tak aturi yen nggodha aluwung mboten
Bilih estu badhe kenalan, tindak nggriya mbenjang sonten

Dhik Juminten taksih prawan,
Kula joko sih dhewekan
Nempil welas sih katresnan
Panjenengan….

Dudu sanak dudu kadang,
Kenal wae lagi pisan
Wis wani nempil katresnan
Sembarangan…….

Nyuwun pamit nyuwun pamit ditolak mundur kemawon
Nyuwun pamit nyuwun pamit pancen kula tiyang awon
Ampun nyengit ampun nyengit niki sedaya lelakon
Bila Tuhan menjodohkan, bisa saja saged mawon

Calon Juragan

Malem minggu yo tindak Ngayogjakarta
Mampir lesehan Malioboro
Pingin dhahar ngunjuk wedang
Sing maneka warna
Ojo lali gudhege kondhang mirasa

Ra percaya mangga enggal pinarak’a
Sinambi dhahar ingkang sekeca
Kalih dhahar kula suwun paring pangandika

Enak tenan rasane ora kuciwa

Yo dho mlaku-mlaku
neng Malioboro
E bakule ayu
ning aja digodha

Enak tenan wong naksir bakule legan
Apa gelem tak jak urip bebrayan
Aja samar yen kowe bakal kapiran
Rupa ala ning aku calon juragan

Penak tenan yen estu dipek juragan
Kula purun nanging ampun ngge sembranan
Madhep mantep waton sarwi kecukupan

Kirang sithik dhep idhep dingo sugihan

Malem minggu yo tindak Ngayogjakarta
Mampir lesehan Malioboro
Ati buneg pikiran judheg bisa dadi lega
Awak kesel ati mangkel wis ra krasa

Cinta tak Terpisahkan

Cinta tak Terpisahkan Cak Diqin

Dhuh Dhenok gandhulane ati tegane nyulayani
Janjimu sehidup semati amung ana ing lathi
Rasa sayangmu sudah pergi tak menghiraukan aku lagi
Dhuh Dhenok gandhulane ati tegane nyulayani

Dhuh kangmas jane aku tresna lilakna aku lunga
Ati ra kuwat nandhang rasa, rasa keranta-ranta
Cintamu sudah nggak beneran, aku Cuma buat mainan
Dhuh kangmas jane aku tresna, lilakna aku lunga

Tresna iki dudu mung dolanan
Kabeh mau amerga kahanan
Sing tak jaluk amung kesabaran
Mugi Allah paring kasembadan

Mung ngedhem atiku
Ben aku ra mlayu
Dan tanggungjawabmu
itu palsu…

Dhenok aku cinta beneran pasti kan kubuktikan
Bapak ibuku akan datang melamar dikau saying
Hatiku slalu mendo’akan semoga Tuhan mengabulkan
Cinta kita tak terpisahkan walau di akhir jaman