Category: Didi Kempot


Terminal Tirtonadi

Didi Kempot

Nalikane ing Tirtonadi,
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji,
Lunga mesthi bali

Rasane ngetung nganti lali,
Wis pirang tahun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu, ning kene tak tunggu,
nganti sak elingmu

Mangsa rendheng wis ganti ketiga,
Apa kowe ra krasa
Yen kowe isih seneng lan tresna,
Kudune kowe krasa

Nalikane ing Tirtonadi,
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji,
Lunga mesthi bali

Wis suwe, wis suwe, wis suwe, kangen sing tak rasakke
Rasane, rasane, rasane, rasane kaya ngene
Neng kene, neng kene, neng kene aku ngenteni kowe
Aku kangen, kangenku mung kanggo kowe

Didi Kempot

Bebasan kaya ngenteni
Udan ing mangsa ketiga

Nadyan mung sedhela ora dadi ngapa
Penting bisa ngedhemke ati

Semono uga rasaning atiku
Mung tansah nunggu tekamu
Ra krasa setahun kowe ninggal aku
Kangen…kangene atiku….

Aku sih kelingan nalika ing pelabuhan
Kowe janji lunga ra ana sewulan
Nanging saiki, wis luwih ing janji
Nyatane kowe ora bali-bali

Neng pelabuhan Tanjung Mas kene
Biyen aku ngeterke kowe
Neng pelabuhan Semarang kene
Aku tansah ngenteni kowe…

Didi Kempot

Cintaku sekonyong-konyong kodher
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedina neng sirah nggliyer

Cintaku sekonyong-konyong kodher
Paribasan durung ndemok wani panjer
Modhal bensin seliter… montorku tak stater
Tak ampiri ayo tak jak muter-muter

Tiwas aku dandan mlithit
Rambutku lengane pomit
Malah kowe lunga plencing
Ora pamit mit..mit..mit.mit….


Biiir..temu lawak
Nggon ku mikir neng awak nganti rusak
Rusak..njaba njero,
Sing tak pikir jebule kaya ngono!

Kembang jambu gogrok dipangan uler  ler
Cintaku sekonyong-konyong kodher
Uler keket mlakune klogat-kloget
Alaa jabang bayi’…. jebul aku kena pelet…

Didi Kempot

Sasi ngarep ayo rabi yo dik yo
Kanca kanca diulemi
Nanggap orkes campursari
Sedino punjul sewengi
Tamune ben seneng ati

Mengko yen listrike mati yo dik yo
Nyewa disel apa aki
Joged terus sampe pagi
Jogedan karo penyanyi
Yen wis rampung disangoni

Sing nyanyi ayu-ayu
Yen aku mlirik kowe ojo cemburu
Sing mlirik mung mripatku
Ning atiku mung kanggo sliramu

Tresna ditambah tresna
Candakane mestine kuwi rasa

Rasa ditambah rasa
Candhakane mestine kuwi kersa

Kersa ditambah kersa
Candhakane mestine kuwi nyata

Nyata ditambah nyata
Nyata-nyata wong loro pancen tresna

Ketaman Asmoro

Ketaman Asmara           Didi Kempot

Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora bisa turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku

Gela rasaning atiku
Arep sambat nanging karo sapa
Nyatane ora kuwawa
Ngrasakke atiku sing saya nelangsa

Wis tak lali-lali
Malah sangsaya kelingan
Nganti tekan mbesuk kapan
Anggonku mendhem ora bisa turu

Apa iki sing jenenge
Wong kang lagi ketaman asmara
Rasane tresna ra bisa lali
Esuk awan bengi tansah mbeda ati

Dina Jumat

Dina Jum’at Didi Kempot

Yo sedulur…
sholat Jum’at aja nganti…. Telat…..

Dina Jum’at iku dina ingkang mulya
(Jum’at dina kang mulya)
Kanggo umat Islam sakabehing ndonya
Tiyang kakung sholat Jum’at diwajibna
(tyang kakung diwajibna)
Piyantun putri sholat Jum’at disunatna

Percaya..aa.. dina Jum’at dina mulya
(Jum’at dina kang mulya)
Mula kuwi aja nganti dilalekna

Layang Kangen

Layang Kangen Didi Kempot

Layangmu tak tampa wingi iki

Wis tak waca apa karepe atimu

Trenyuh ati iki maca tulisanmu

Ra krasa netes eluh neng pipiku

Umpama tanganku dadi swiwi

Iku uga aku mesthi enggal bali

Ning kepiye maneh marga kahananku

Cah ayu entenono tekaku

Ra maido sapa wong sing ora kangen

Adoh bojo pengin turu angel merem

Ra maido sapa wong sing ora trenyuh

Ra kepethuk sawetara pengin weruh

Percaya..a  aku kuatno atimu

Cah ayu ngentenana tekaku

Lagu Sewu Kutha

Sewu Kutha

Sewu kutha uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh padha ra ngerteni
Lungamu neng ngendi

Pirang tahun
anggonku nggoleki
Seprene
durung bisa nemoni

Wis tak coba nglalekake
Jenengmu saka atiku
Satenane aku ora ngapusi
Isih tresna sliramu

Umpamane kowe uwis mulya
Lila aku lila
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu

Senadyan wektu mung sedhela
Tak nggo tamba kangen jroning dhadha

Senadyan sakedheping mata
Tak nggo tamba kangen jroning dhadha

Setasiun Balapan

Neng stasiun Balapan
Kutha solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Nalika ngeterke lungamu

Neng stasiun Balapan
Rasane kaya wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra krasa netes eluh neng pipiku

Dhaa… Dhadha sayang
Dha… Slamat jalan

Janji lunga mung sedhela
Jare sewulan ra ana
Pamitmu nalika smana
Neng stasiun Balapan Solo

Jare lunga mung sedela
Malah tanpa kirim warta
Lali apa pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali

Syair Lagu Cucak Rowo

Cucak Rowo

Kucoba-coba melempar manggis
Manggis kulempar mangga kudapat
Kucoba-coba melamar gadis
Gadis kulamar jandha kudapat

Jamane jamane jaman edan
Wong tuwa rabi perawan
Prawane yen mbengi nangis wae
Amarga wedi karo manuke

Iki piye iki piye iki piye
Wong tuwa rabi perawan
Prawane yen mbengi nangis wae
Amarga wedi karo manuke

Manuk’e-manuk’e cucak rowo
Cucak rowo dawa buntute
Buntute sing akeh wulune
Yen digoyang serr..serr adhuh penak’e