Category: Sonny Jozs


Calon Bojo

Calon Bojo Sonny Jozs

Dhik wis seminggu aku ora ketemu
Ati kangen rindhu karo sliramu
Kelingan ngguyumu kelingan swaramu
Mumet sirahku yen ora ketemu

Dhik wis seminggu awak rasane lesu
Mikir sliramu awak nganti kuru
Yen ora percaya bukak’en dhadhaku
Mung kowe siji dadi calon bojoku

Tuku tahu neng pasar Minggu
Jarene tresnamu cuma kanggo aku (ah masa iya)
Mlaku-mlaku neng pasar baru
Yen kelingan sliramu ora bisa turu

Rina wengi atiku ora karuan
Apa bener kowe seneng karo aku

Kuli Bangunan

Kuli Bangunan Sony Jozs

Telung tahun aku kenal kowe
Hubungane padha rakete
Bapak ibu kabeh wis setuju
Kepingin duwe mantu aku

Kowe seneng aku yo seneng
Padha-padha nduweni tresna
Sumpah janji neng pinggir kali
Nanging saiki kowe sing ngingkari

Tak belani dhik kerja bangunan
Ora peduli panas lan udan
Tak belani dhik kerja bangunan
Demi tresna marang sliramu

Aku ora nyono kowe arep ngono
Tega temen kowe ninggalna aku

Nelangsa Sony Jozs

Nelangsa temen uripku
Urip pisan ana ngalam ndonya
Nyambut gawe kok kaya ngene
Wiwit biyen mula

Rong puluh tahun lawase
Adus udan, adus kringet kepanasan
Nggolek pangan, yon eng kutha
Metropolitan

Rina wengi
Pikiranku melang megung
Wong rasane kepingin bali
Ora duwe sangu

Kelingan marang wong tuwaku
Tak impi-impi rasa jroning ati
Kula niki tansah eling
Keluarga neng ndesa

Bujangan

Bujangan Sony Jozs

Bujangan paling enak bujangan
Mondhar-mandhir ora ana sing nglarang
Seje maneh yen wis uwong nduwe bojo
Mulih bengi awak diomeli

Bujangan paling enak bujangan
Mondhar-mandhir ora ana sing nglarang
Seje maneh yen wis uwong nduwe bojo
Kurang blanja awak diplerok’i

Kawin, aja kesusu kawin
Sak durunge duwe cekelan
Kawin, aja kesusu kawin
Sak durunge duwe kerjoan

Pikir-pikir dhisik
Sak durunge kawin
Ojo nganti nyesel mburine

Lagu Sumi

Sumi Sonny Jozs

Dhik kowe pancen ayu
Yen kowe ngguyu nyenengke atiku
Lambene sigar jambe
Yen tak sawang tambah ayune

Dhik aku naksir kowe
Apa kowe wis ana sing nduwe
Wis ana rong minggu
Tak simpen ana njero dhadhaku

Sumi-Sumi pancen ayu
Kembang ndesa asli Wonogiri
Sumi-Sumi pancen ayu
Sumpah mati aku tresna sliramu

Sumi-Sumi pancen ayu
Kembang ndesa asli Wonogiri
Suni-Sumi pancen ayu
Wani sumpah sikilku ketiban palu

Apa mas kowe pancen tresna
Atiku iki isih ragu-ragu
Yen pancene tresna
Cepet lamaren marang wong tuwaku

Minggat Sonny Jozs

Sri kapan kowe bali
Kowe lunga ora pamit aku
Jarene neng pasar pamit tuku trasi
Nganti saiki kowe durung bali

Sri apa kowe lali
Janjine sehidup semati
Aku ora nyono kowe arep ngono
Lara atiku atiku lara

Ndang baliya Sri, ndang baliya
Aku lara mikir kowe ana ing ngendi
Ndang baliya Sri, ndang baliya…
Tega temen kowe minggat ninggalke aku

Yen pancene Sri
Kowe eling aku
Ndang baliya
Aku kangen setengah mati