Category: syair lagu campursari


Sentot S.

Awan-awan turu ndhengkur
Yen bengi kanggo kluyuran
Joko Lelur bocah nganggur
Kang lagi nandang kasmaran

Awan-awan ngombe limun
Limune katutan semut
Awan bengi tansah nglamun
Kelingan mbok Loro Mendut

Apa kowe tega tenan
marang aku kang kasmaran
Aku arep nyemplung sumur
Anane mung sumur kompan..

Aku wani mati tenan
Timbang urip kewirangan
Nanging aku isih wedi
Turu ijen neng kuburan

Joko Lelur kemul sarung
Kelak-kelik ra karuan
Dhasar bocah rada gemblung
Arep mati eling bancak’an

Nelangsa Sony Jozs

Nelangsa temen uripku
Urip pisan ana ngalam ndonya
Nyambut gawe kok kaya ngene
Wiwit biyen mula

Rong puluh tahun lawase
Adus udan, adus kringet kepanasan
Nggolek pangan, yon eng kutha
Metropolitan

Rina wengi
Pikiranku melang megung
Wong rasane kepingin bali
Ora duwe sangu

Kelingan marang wong tuwaku
Tak impi-impi rasa jroning ati
Kula niki tansah eling
Keluarga neng ndesa

Ela-Elo

Ela – Elo Nurhana

Ela elo…
Mbiyen kowe ngomong gething karo aku
Saben saben apa mas kowe tresna
Nanging saikine ra dinyana
Kowe sibuk ngrayu aku

Ela elo ela ela eloo…

Ela elo…
Mbok yo aja ngono… ngomong sak penak’e
Ora gelem duwe pacar aku
Nanging saikine.. ra dinyana
Kowe malah mbalik tresna

Kopat-kapit ngiwa nengen
Kandha sengit jebul kangen
Isin isin yo mas…
Numpak taksi mudhun sala
Ngomong benci tapi tresna
Isin isin yo mas…

Banyu Kali

Banyu Kali

Wis ndhek mbiyen….. akeh sing ra seneng
Wis ndhek mbiyen….. akeh sing dha nggunem
Marang sliramu sing tak tresnani
Ora ngerti…. kowe salahe apa

Rasa tresna….. apa kuwi salah
Rasa tresna……ra bisa dicegah
Ben kali banjir, segara amber
Mung sawiji uwong kang tak tresnani

O’ ojo ngono ojo ngono ojo ngono
Pingin ngono ojo ngono
O’ ora ngono ora ngono ora ngono
Arep ngono kudu ngono

Banyu kali mandhege neng segara
Bening buthek apa jare neng kana
Ati iki kadhung tresna
Susah seneng aku rila nerima

Banyu kali mandhege neng segara
Yen dibendung amber dadi cilaka
Ati iki kadhung tresna
Yen ra dhek’e luwih becik ra sida

Bali Kumpul

Suwe ora jejamu mas
Jamu pisan godhonge meniran
Wis suwe ora ketemu
Temu pisan neng ati tratapan

Suwe ora jejamu dhik
Jamu pisan godhonge kecubung
Wis suwe ora ketemu
Temu pisan neng ati bingung

Karang Pandhan Tawang Mangu
Ora kencan kok ketemu mas karo sliramu

Tuku pace wadhahi kreneng
Nyedhak’o merene nggo tamba kangen
Yo dhik yo nggo tamba kangen

Mikul suket dientul-entul
Timbang ngampet ayo bali kumpul mas
Ayo bali kumpul

Tali kawat diuntir-untir
Ora kuwat rasane piker yo dhik yo
Rasane piker

Yen mengkono kersamu mas
Kula amung manut-manut wae
Ketimbang getun mburine
Becik ayo bali kumpul wae

Kere Munggah Mbale

Nok, Pere’wati
Saiki uripmu saya mukti
Nyandhang nganggo ra nguciwani
Merga saiki wis dadi penyanyi

Nok’ Pere’wati
Gayamu jan kaya selebriti
Mula saiki kowe lali
Karo aku sing ndadekke penyanyi

Eling-eling *)
Kowe mbiyen dodol sega kering
Bareng saiki dadi wong kondhang
Kowe njur lali karo kahanan

Eling-eling
Kowe mbiyen dodol sega kucing
Bareng saiki dadi wong gedhe
Kowe kaya kere munggah mbale

Nok’ Pere’wati
Senajan saiki kowe lali
Nanging tetep tak donga’ake
Muga-muga baliya dadi kere :-p

Nok, Pere’wati
Mbiyen omahmu jan ra mbejaji
Sasat rabisa nggo mbakar trasi
Ning saiki wis apik kaya loji

Nok, Pere’wati
Kowe saiki cidra ing janji
Janjimu mbiyen ra bakal lali
Karo aku sing ndadekke penyanyi…. ke*)

Syair lagu Lembur

Lembur Tedjo

Wancine jam siji bengi adhuh kangmas
Anggonku sabar ngenteni
Ngantu-antu kondur ndika
Nganti ndalu jare pamite makarya

Ojo samar ojo gela adhuh wong manis
Sliramu ojo sujana
Aku sibuk akeh kerjaan
Kerja lembur nyambut gawe kanggo sampingan

Aku emoh yen diapusi
aku ngga mau kamu bohongi
Adhuh mas sakit di hati

Udan grimis jo mangan tahu
wong manis ojo cemburu
Adhuh adhuh jangan cemburu

Ojo-ojo mung kluyuran
Pamite kerja sampingan
Neng kana nduwe simpenan

Numpak sepur tanpa kondhektur
Pulang malam aku lembur
Adhuh dhik kerjaku lembur

Tak sesuwun sing prasaja adhuh kangmas
Elinga marang keluarga

Aku manut ngendikamu
Ayo mbangun bareng tresna setya tuhu

Blitar

Blitar kutha cilik sing kawentar
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi

Blitar nyimpen awune sang Nata
Majapahit eneng candhi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan

Ana crita jare patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekke nuswantara
Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka
Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula

Ora mokal Blitar dadi kembang lambe
Ora mokal akeh sing padha nyatakke
Yen ta geni ngurubake semangate
Yen ta banyu nukulake patriote

Syair Langgam Ali-ali

Ali-ali

  • Ngagema ali-aliku
  • Pamrihe…. aja lali marang aku
  • Nandyan kula mbeten melu mbesuke
  • Elingana lelabetku
  • Lamun embane seloka emanne
  • Namung tansah ndamel cuwa
  • Niki embane kencana mbesuke
  • Tansah manggiha raharja
  • Yen nganti ilang mripate
  • Jarene…nemahi rubeda
  • Yen nganti dinggo wong seje mbesuke…
  • Wis mangsa bodho-wa
  • Pilihanku mripat biru
  • Pamrihe…. mrih sulistya ingkang warni
  • Yen takon isi hatiku mbesuke….
  • Mirsanana Ali-ali

Selamat datang di WordPress.com. Disini kami coba sajikan syair-syair lagu campursari. Semoga dapat bermanfaat.