Category: lagu


Ngayogjakarta

Genk Kobro


Ngayogjakarta

Kuthane aman berhati nyaman

Kota seniman

Kota pelajar lan kabudayan

 

Malioboro trus ngidul kuwi kraton Yogja

Kantor Pos gedhe ngarepe Senisono

Ning dhek mbiyen saiki wis ora ana

Benteng Van den Brugh biyen panggonane Londo

 

Golek gudheg neng Wijilan mesthi ana

Ndelok munyuk lan gajah neng Gembiroloka

Arep santai neng laut bablas ngidul kana

Parangtritis Parangendog Parang Kusumo

 

Bantul Praja Tamansari

Ben ra ucul yo digondheli

Sleman Sembada

Eman-eman marahi gela

 

Tuku manuk neng Ngasem sor Pulo Cemeti

Kaliurang nggon adhem neng lereng merapi

Cemilane jadah tempe bacem ngangeni

Guwa Slarong ngelingake perang jaman Kompeni

 

Gajahmada IAIN Kalijaga UII

Panggonane wong pinter sing padha study

Stasiun Tugu Lempuyangan nggon kereta api

Numpak sepur seka kana tekan ngendi-endi

 

Gunungkidul Handayani

Bacut ucul angel nggoleki

Kulon Progo Binangun

Karo kanca mbok yo sing rukun…..

 

Melody……………..

 

Ngayogjakarta

Kuthane aman berhati nyaman

Kota seniman

Kota pelajar lan kabudayan

 

Borobudur Prambanan kuwi candi gedhe

Tamansari pemandian neng kali Bekase

Tari Srimpi lan Gambyong sak gamelane

Yen ditonton mesthi wae yo nyenengake

 

Daerah Yogja ana papat kabupatene

Gunungkidul Sleman Bantul Kulon Progo batese

dalat sangi lan nyothe kuwi basa premane

Yen tak pikir aku mesthi kekelen dhewe

 

Sanga papat punjul enem

Menawi lepat nyuwun ngapunten

Sanga papat punjul enem

Kula niki lulusan Pakem..??

 

Sikil nggudhik aja dikukur lan dithithil

Tangan reged aja nggo nguthik-uthi upil

Sirah ngelu lan mumet padha ngombeya pil

Dadi uwong sing pinter aja dadi pokil

 

Susruk wajan nggo nggoreng krupuk kuwi sothil

Mbok sing anteng tangane aja padha nggrathil

Benik ucul dondomi ben ora prithil

Dadi uwong sing sugih aja dadi uthil……

Nelangsa Sony Jozs

Nelangsa temen uripku
Urip pisan ana ngalam ndonya
Nyambut gawe kok kaya ngene
Wiwit biyen mula

Rong puluh tahun lawase
Adus udan, adus kringet kepanasan
Nggolek pangan, yon eng kutha
Metropolitan

Rina wengi
Pikiranku melang megung
Wong rasane kepingin bali
Ora duwe sangu

Kelingan marang wong tuwaku
Tak impi-impi rasa jroning ati
Kula niki tansah eling
Keluarga neng ndesa

Eling-eling Banyumasan

Eling-eling Banyumasan

Eling-eling sapa eling baliya maning ( ya – ya – ya )
Lambe ndawe disigar dadi selawe (rama)
(apa gandrung) mung sawiji mung sawiji
mung sawiji kang dadi pilihanku

Eling-eling sapa eling baliya maning ( ya – ya – ya )
Janur gunung sakulon banjar patoman,
Rama (apa gendung) kadingaren – kadingaren
Kadi ngaren wong bagus gasik tekane

Eling-eling sapa eling baliya maning ( ya – ya – ya )
Sayur pace lembayung pait rasane, rama
(apa gendung) mangsa borong mangsa borong

 

eling eling sapa eling baliya maning,

eling apa eling apa,

wong eling neng alam dunia,

kudu sabar nerima lan waspada

Syair lagu Lembur

Lembur Tedjo

Wancine jam siji bengi adhuh kangmas
Anggonku sabar ngenteni
Ngantu-antu kondur ndika
Nganti ndalu jare pamite makarya

Ojo samar ojo gela adhuh wong manis
Sliramu ojo sujana
Aku sibuk akeh kerjaan
Kerja lembur nyambut gawe kanggo sampingan

Aku emoh yen diapusi
aku ngga mau kamu bohongi
Adhuh mas sakit di hati

Udan grimis jo mangan tahu
wong manis ojo cemburu
Adhuh adhuh jangan cemburu

Ojo-ojo mung kluyuran
Pamite kerja sampingan
Neng kana nduwe simpenan

Numpak sepur tanpa kondhektur
Pulang malam aku lembur
Adhuh dhik kerjaku lembur

Tak sesuwun sing prasaja adhuh kangmas
Elinga marang keluarga

Aku manut ngendikamu
Ayo mbangun bareng tresna setya tuhu

Blitar

Blitar kutha cilik sing kawentar
Edi peni gunung Kelud sing ngayomi
Blitar jaman Jepang nate gempar
Peta brontak sing dipimpin Supriyadi

Blitar nyimpen awune sang Nata
Majapahit eneng candhi Penataran
Blitar nyimpen layone Bung Karno
Proklamator lan presiden kang kapisan

Ana crita jare patih Gajahmada
Ingkang bisa nyawijekke nuswantara
Lan uga Bung Karno kang kondhang kaloka
Eneng tlatah Blitar biyen cilik mula

Ora mokal Blitar dadi kembang lambe
Ora mokal akeh sing padha nyatakke
Yen ta geni ngurubake semangate
Yen ta banyu nukulake patriote