Archive for 9 Juni 2012


Sentot S.

Awan-awan turu ndhengkur
Yen bengi kanggo kluyuran
Joko Lelur bocah nganggur
Kang lagi nandang kasmaran

Awan-awan ngombe limun
Limune katutan semut
Awan bengi tansah nglamun
Kelingan mbok Loro Mendut

Apa kowe tega tenan
marang aku kang kasmaran
Aku arep nyemplung sumur
Anane mung sumur kompan..

Aku wani mati tenan
Timbang urip kewirangan
Nanging aku isih wedi
Turu ijen neng kuburan

Joko Lelur kemul sarung
Kelak-kelik ra karuan
Dhasar bocah rada gemblung
Arep mati eling bancak’an

Didi Kempot

Nalikane ing Tirtonadi,
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji,
Lunga mesthi bali

Rasane ngetung nganti lali,
Wis pirang tahun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu, ning kene tak tunggu,
nganti sak elingmu

Mangsa rendheng wis ganti ketiga,
Apa kowe ra krasa
Yen kowe isih seneng lan tresna,
Kudune kowe krasa

Nalikane ing Tirtonadi,
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi, kowe ngucap janji,
Lunga mesthi bali

Wis suwe, wis suwe, wis suwe, kangen sing tak rasakke
Rasane, rasane, rasane, rasane kaya ngene
Neng kene, neng kene, neng kene aku ngenteni kowe
Aku kangen, kangenku mung kanggo kowe