Becak Solo Manthous CSGK

Becak Solo mlakune alon prasaja
Sing nyopir sopan santun tata karma
Genjotane mantep ora ngresula
Tumpak’ane ora nyuwara menakke rasa

Becak Solo rina wengi datan kemba
Wira wiri golek penumpang ngupaya upa
Ora ninggalke peraturan sing wis ana
Becak Solo nyata rag awe kuciwa

E pak becak kula mang terke ten mbuderan
Bunderane ten sisih pundi wong ayu
Nika ketok melok-melok bunderane
Nika wonten bunderan Banjarsari

Pak becak kula numpak bola-bali
Ndika purun kula bayar kalih niki

Ndika purun kula bayar kalih niki

Purun mawon angger kula mboten rugi
Nyopir becak rina wengi pados rejeki
Nyopir becak rina wengi pados rejeki